Meh kabeh wong ing bumi iki ngerti aku. Bukane sombong utawa apa, nanging memang kuwi kenyataane. Senajan aku terkenal, nanging aku ora tau ngrasakake urip tenang. Arep tenang saka endi? yen kowe terkenal amerga video porno lan dicap artis porno sepanjang masa. Lara. Lara banget. Apa maneh yen wong tuwaku ngerti. Asline memang wis pada ngerti mulane wong tuwaku wis ora ngakoni aku anake.
Saiki, aku dudu Miyabi sing kaya biyen. Aku Maibunah, bakul krempyeng ing pasar krempyeng Banaran. Ora usah takon piye ceritane aku bisa kesasar tekan kene, ceritane dawa banget ora cukup yen ditulis kabeh.
Saben dina aku budhal saka omah bar subuh. Karo nggendhong dunak sing isine barang-barang daganganku aku mlaku tunuk-tunuk menyang pasar krempyeng panggonanku dodol. Aku dodol ora suwe, paling mung patang jaman, saka jam eneman ngasi jam sepuluhan, kuwi yen gek sepi. Nanging yen pas wayah rame kaya dina minggu aku bisa balik luwi gasik.
Yen dibanding karo bakul krempyeng sing liya, memang aku sing ketok cetha bedha. Mungkin amerga kulitku sing luwih putih ora kaya kulit asli wong Indonesia. Kahananku sing kaya ngene ora nggawe kanca-kanca bakulku ijir karo aku, malah pada seneng amergane pasar krempyeng dadi saya rame, iki dudu aku sing ngomong tapi kanca-kancaku.
Senajan uripku luwih abot ketimbang jaman biyen nanging aku ora gela pindah ning kene. Mung ning kene aku bisa ngrasakake urip tenang lan ora dioyak-oyak dosa. Apa maneh aku wis duwe bojo lan anak loro lanang wadon. Bojoku jenenge Lukman, senanjan Kang Lukman kuwi wong ndesa nanging aku tresna tenan karo dheweke. Lha wis aku ora tau weruh wong apikan lan setia sing tenanan kejaba Kang Lukman. Pokoke Kang Lukman the bestlah. Lha yen anakku sing mbarep jenenge Dina. saiki umure wis rolas taun lan sedelok ngkas arep lulus SMP. Aku bener-bener ngati-ngati anak wadonku kuwi. Aku ora gelem anakku ngetuti tumindakku jaman biyen. Anakku sing nomer loro lanang, jenenge Joko. Saiki Joko umure nembe wolung taun, esih kelas papat SD. Bocah iki manutan ora kaya ibune mungkin nututi bapakne.
Aku lan keluwargaku manggoni omah cilik ning daerah Kalimasada. omahku ora apik-apik banget ya standarlah. nanging aku luwih ngrasa betah manggoni omah iki daripada omahku sing biyen ning Jepang. SAk kiwa tengen omahku akeh kos-kosan mahasiswa Unnes. Ya ora kaget wong cedhak karo kampuse. Saben bengi, apa maneh yen pas malem minggu akeh bocah kos-kosan sing diapeli pacare. Yen ndheleng cara pacarane bocah-bocah saiki, aku ngelus dada tenan. Ya mang ana sing esih wajar nanging presentasi antarane sing wajar lan sing ora wajar kok akeh sing ora wajar. Wedhiku, mengko bocah-bocah kuwi bisa kejegur ning pergaulan bebas kaya aku biyen. Padahal wong tuwane wis ngragati tenanan supayane anake bisa kuliah lan dadi wong sing bener. Nanging aku ora bisa ngapa-ngapa, mung bisa ngelikake tok, ya yen pada gelem ngrungokake yen ora ya mung mlebu kuping tengen metu kuping kiwa. Sing penting anak-anakku ora kaya ngono.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar